
I
|
suk
iki yaiku isuk sing paling endah gawe aku.Wayah isuk minangka wayah sing dak
tunggu-tunggu, amerga aku seneng isuk tinimbang dalu. Isuk iku ngelambangake urip
sing cerah lan akeh warna.
Kicauan
manuk nangekake aku. Iku tandane aku
kudu budal ngelakoni aktivitas-aktivitas sing aben dina kudu mesthi tak lakoni.
Sekolah! Itulah kegiatan sing ngisi saben dinaku. Aktivitas sing gak pernah
nggawe aku bosen. Masa-masa sing paling indah yaiku masa-masa sekolah. Ono
tangis, tawa, keceriaan, kebersamaan lan kekeluargaan. Paket sing paling lengkap
kaya martabak paket spesial.
Aku ora gadis
sugih kaya anake obama utawa anake konglomerat. Aku mung gadis sederhana sing
ora nduweni apa-apa. Keadaan kaya ngene sing nggawe aku kudu berusaha luwih
maju menyang ngarep. Nanging iku kabeh ora nggawe aku putus asa. Justru keadaan
kaya ngene sing nggawe aku kudu giat berdoa marang gusti Allah.
Mung karo pendidikan
aku iso merajut mimpi sing tak pingini demi menggapai cita-citaku ing masa
depan.
Wiwit
cilik aku diajarake urip biasa lan apa anane. Saling ngerencangi setunggal kale
liyane. Saling tolong menolong karo wong
sing mbutuhkake. Mahami arti saka kehidupan sing tak lakoni.
Kabeh
uwong kepingin uripe lancar mujur kaya sikile Syahrini, nanging kabeh iku gak
bakalan mungkin, amerga saben urip mesthi ana perjalanan sing gaenak, mesthi
ana gragal sing ngalangi, lan mesthi ana wong sing bakalan ganggu. Mung anane
rintangan iku kita diuji gusti Allah.
Sapa
ae mesthi ana dalan penerange yen kita bisa berusaha nggolek dalan kang becik
kanggo kehidupan ing masa depan.
Isuk
sing indah iki, aku nyusuri dalanan deso kanggo budhal menyang sekolah.
Tujuannku mung siji yaiku nuntut ilmu kang becik. Dalanan sing terjal, cilik
lan akeh rintangane kudu tak lewati supaya aku tekan sekolah.
Aku
ngelewati kabeh iki karo sepeda ireng. Tak kayuh pedal sepedaku karo penuh
tenaga. Panase srengenge ora menyusutkan niatku budhal menyang sekolah.
“Sugeng injing…”
Kalimat
iku sing saben dina tak rungokake sawise aku tekan sekolah. Sapaan sing biasa,
nanging akeh maknane. Setunggal kalimat sing bisa nggawe kabeh kanca tambah
akrab. Setunggal kalimat sing nggawe kabeh uwong mesem ngawiti dina.
Aku
nduweni kanca parek sing saben dina ngancani aku. Jenenge Dava.
Dava
yaiku kanca sing paling akeh artine kanggo uripku. Sawise wong tuaku, mung Dava sing paling
ngerteni, nolong lan ora tau nggawe aku nangis. Malah Dava sing terus nggawe
aku ngguyu kaya ora ndue beban. Dava mesthi ana saben aku butuh lan mesthi ana
yen aku dewean. Dava tak anggep kaya abangku dewe amerga umure Dava luwih tuwo
saka aku, lan penjiwaane kaya wis dewasa. Bahkan ing kelas, Dava sing paling
tegas lan di percaya guru lan kanca liya-liyane.
Dava
sering dipilih lomba. Dava yo sering dicalonkan ketua osis ing organisasi OSIS.
“Rel…” Dava nyeluk.
“Iyo!” wangsulanku singkat.
“Sawise mole
sekolah, aku mampir menyang omahmu ya! Wes sue aku pengen dolen lan kangen
marang ibumu.” omonge Dava.
“Tumben awakmu
dolen nang omaku. Ana apa?”
pitakonku heran.
“Ora ana apa-apa
Rel. Aku pingin menyang omahmu karo ngajak awkmu dolan kaya biyen maneh. Lagian
wis suwi aku ora tau tekan menyang omahmu.
Bapak, ibu lan adhikmu mesthi seneng yen aku dolan. Oleh ya Rel, pisan
ae mene ora maneh. Mumpung aku ora ana tugas,” wangsulane Dava.
Sawise
mole sekolah, aku mole karo Dava. Aku lan Dava ngelewati dalan setapak desa. Dalanan
desa sing akeh gragal lan pasire.
Tekan
omah, aku lan Dava dulianan ing ladang ngguri omah. Mlayu-mlayu kaya bocah
cilik, njupuki buah-buahan sing wis mateng, banjur di pangan ing nisore wit
gedhe.
Ing
panggonan iku aku lan Dava ngenang masa kecil sing paling indah.
“Rel, aku pengen
menehi awakmu kado kotak cilik iki. Aku pengen awakmu mbukak kado iki yen aku
ora bali mrene, Lan aku pengen awakmu terus ileng karo aku, amerga aku ora
pengen di lalekno karo awakmu. Wiwit cilik ing panggonan iki akeh kenangan aku
karo awakmu.” Omonge
Dava karo menenehi aku kotak cilik werna abang.
“Lapo awakmu ora
bali?” Pitakonku.
“Bapak lan ibukku
pengen pindah, dadi aku lan keluargaku kudu melu bapak lan ibuk.” Wangsulane Dava.
“Yowislah!
Mugo-mugo awakmu lan keluarga betah ing panggonanmu sing anyar.” Wangsulanku karo ndele kotak mau
ing wit gedhe.
Sawise
aku menerima kado iku, aku lan Dava selendehan ing wit gedhe. Aku lan Dava nyawang
langit. Pemandangan sore sing seger nanging panas. Langit biru lan awan putih
mendominasi langit iki.

Sawise Dava mole, aku langsung mlebu nang
omah. Banjur adus, sholat lan turu-turu menyang kamar. kedalam rumah dan mandi.
Nyawang langite kamar sing ora tau kesawang lan ora tau berubah wiwit biyen.
Tiba-tiba pikiranku melayang menyang kotak kecil saka Dava. Secepat mungkin aku
tangi lan mlayu metu omah. Saat aku pengen metu, ana udan deras ngguyur bumi.
Aku pun mandek lan mlaku mbalek menyang kamar.
Wengi
menjelang, aku tetep turu ing kasur. Banjur Ibu nangekake aku lan menehi aku
kabar, Dava lan keluargane njaluk ijin yen keluarga besare bakalan pindah ing luar
kota. Pindah lan muleh yen wayahe tahun baru utawa riyaya.
Aku
ora ngerungokae kabar iku banjur mbalek turu maneh. Aku nganggep minggate Dava
yaiku hal sing biasa. Biasa amerga keluargane Dava sering pindah menyang luar
kota utawa luar negeri amerga Bapake kerjo kontraktor. Nanging, legek saiki
Dava tekkan karo wong tuane.
Jam
wis nyudohkake wektu suwelas bengi. Aku tangi saka turuku. Gak ngerti lapo
perasaanku bedo. Ana sesuatu sing ngganjel ing ati. Kat mau aku kepikiran karo
Dava. Kena ora penak, aku mlaku menyang mburi lan njupuk ngombe supaya atiku
lego.
Ora
suwi, hpku muni. Ana sms saka nomere Dava. Nyatane iku ora Dava, nanging uwong sing
nemokake hpne Dava. Wong iku ngabari yen sing ndue hp lan keluargane kecelakaan
ing dalan tol. Aku pun langsung panik lan khawatir. Aku terus nangis lan kanda
menyang ibuk yen keluargane Dava kecelakaan Ibuk pun langsung nangis. Banjur
aku lan ibuk ngejak bapak budhal menyang rumah sakit.
Aku
lan keluarga tekan rumah sakit jam setengah 4 subuh. Perjalanan mbutuhkake
wektu 5 jam amerga rumah sakite adoh saka omah. Aku nunggui Dava ing njobo
ruangan ICU. Dava ora sadar. Deweke koma. Bapak, ibuk lan adhike yo ora sadar.
Sawise
telung dina, Dava lan keluargane tetep durung sadar. Aku di kongkon ibuk
sekolah supaya ora ketinggalan pelajaran. Sawise sekolah, aku bisa marani Dava.
Meski adoh, ora opo-opo sing penting aku iso ngerti keadaane Dava. Ibuk yo ora
ngelarang aku yen sabendina marani Dava ing rumah sakit.
Ing
dalan menyang rumah sakit, aku dikabari ibuk yen Dava lan bapake mati amerga
jantunge lemah. Sawise Dava, selisih pirang menit bapake nyusul. Aku banjur
banterake kedaraanku supaya ndang cepet ketemu Dava.
Sampaine
aku tekan rumah sakit, Dava lan bapake wes di lebokake ambulan. Aku nututi
ambulan saka mburine. Bapak lan ibuk tetep ing rumah sakit nunggu ibuk lan
adike Dava.
Tekan
omahe Dava, aku nyawang wong 2 ditutupi kain. Aku langsung mlayu lan nangis ing
pinggire Dava lan bapake. Aku gak nyangka yen Dava lan bapake mati secepet iki.
Aku yo ora nyangka yen kanca sing paling ngerti, paling sayang, lan paling
becik saiki ninggalake aku. Nggarai aku nangis, padahal biasanae Dava nggarai
aku seneng lan ora bakal biarno aku nangis.
Ora
suwi, Bapak lan ibukku teka. Aku banjur meluk kekarone. Aku tambah nangis,
sawise iku aku semaput amerga pegel lan ora percaya saka apa sing tak sawang.
Ibuk nenangake aku, nanging aku tetep ora sadar.
“Kena apa kabeh
ninggalake aku. Dava, awakmu kancaku, nanging lapo awakmu ninggalake aku.
Paklek, njenengan sing ngerti lan sering menehi aku hadiah, nanging kena apa
njenengan melu ninggalake aku. Paklek, aku pengen coklat. Biasane njenengan
menehi aku coklat yen aku nangis, nanging saiki sapa sing bakal menehi aku
maneh.” Omongku
ora tahan nangis.
Sawise
moleh nguburake Dava lan bapake, aku tetep nunggu ing pinggir kuburane. Nangisi
keadaanku dewean.
“Tuhan apa salahku.
Keluarga sing wes tak anggep kaya keluarga asli minggat ninggalake aku. Ora
panteskah aku nduweni kebahagiaan kaya wong-wong liya. Apa uripku emang di
takdirake kaya ngene. Apa aku di takdirake pikantuk tangisan lan kesedihan.” Omongku ing pinggire kuburane
Dava lan bapake.
Sawise
moleh saka kuburan, aku ileng kotak kado sing pernah diwenehi Dava. Aku mlayu
lan nggoleki kotak ing wit gedhe mburi omah. Aku mbukak kotak iku. Kotak iku isine
gelang kayu diukir jenengku lan kertas isine surat.
Kancaku Aurel…
Nek awakmu mbukak surat iki,
berarti aku wes budal adoh. Nanging aja ngresula amerga aku budal ora suwi. Mbok
bekne mene aku lan awakmu kumpul, aku pengen ora ninggalake awakmu. Kekancan
ora sekedar sing tertulis, nanging kekancaan yaiku ikatan sing ora bakalan bisa
kepisah. Kekancan mung bisa digosok dening darah utawa nyawa. Amerga sing bisa
misah mung kematian.
Aku menehi gelang iki gawe tanda
kekancan lan katresnan. Aku paham yen kita ijih enom, nanging aku ngerti yen
tresna dadi sahabat luwih becik ketimbang tresna sing kaya biasane. Awakmu
kancaku sing tak tresnani.
Sepurane yen aku mung menehi eluh
ing pipimu, nangis aku janji bakal menehi senyuman kanggo awakmu. Matur suwun
wis menehi aku artine kekancan lan katresnan, lan aku matur suwun amerga awakmu
bisa nerima aku dadi kancamu.

Kancamu
~ Dava ~