Jumat, 13 November 2015



yhf.jpg 




I
suk iki yaiku isuk sing paling endah gawe aku.Wayah isuk minangka wayah sing dak tunggu-tunggu, amerga aku seneng isuk tinimbang dalu. Isuk iku ngelambangake urip sing cerah lan akeh warna.
Kicauan manuk nangekake aku. Iku tandane  aku kudu budal ngelakoni aktivitas-aktivitas sing aben dina kudu mesthi tak lakoni. Sekolah! Itulah kegiatan sing ngisi saben dinaku. Aktivitas sing gak pernah nggawe aku bosen. Masa-masa sing paling indah yaiku masa-masa sekolah. Ono tangis, tawa, keceriaan, kebersamaan lan kekeluargaan. Paket sing paling lengkap kaya martabak paket spesial.
Aku ora gadis sugih kaya anake obama utawa anake konglomerat. Aku mung gadis sederhana sing ora nduweni apa-apa. Keadaan kaya ngene sing nggawe aku kudu berusaha luwih maju menyang ngarep. Nanging iku kabeh ora nggawe aku putus asa. Justru keadaan kaya ngene sing nggawe aku kudu giat berdoa marang gusti Allah.
Mung karo pendidikan aku iso merajut mimpi sing tak pingini demi menggapai cita-citaku ing masa depan.
Wiwit cilik aku diajarake urip biasa lan apa anane. Saling ngerencangi setunggal kale liyane. Saling tolong menolong  karo wong sing mbutuhkake. Mahami arti saka kehidupan sing tak lakoni.
Kabeh uwong kepingin uripe lancar mujur kaya sikile Syahrini, nanging kabeh iku gak bakalan mungkin, amerga saben urip mesthi ana perjalanan sing gaenak, mesthi ana gragal sing ngalangi, lan mesthi ana wong sing bakalan ganggu. Mung anane rintangan iku kita diuji gusti Allah.
Sapa ae mesthi ana dalan penerange yen kita bisa berusaha nggolek dalan kang becik kanggo kehidupan ing masa depan.
Isuk sing indah iki, aku nyusuri dalanan deso kanggo budhal menyang sekolah. Tujuannku mung siji yaiku nuntut ilmu kang becik. Dalanan sing terjal, cilik lan akeh rintangane kudu tak lewati supaya aku tekan sekolah.
Aku ngelewati kabeh iki karo sepeda ireng. Tak kayuh pedal sepedaku karo penuh tenaga. Panase srengenge ora menyusutkan niatku budhal menyang sekolah.
“Sugeng injing…”
Kalimat iku sing saben dina tak rungokake sawise aku tekan sekolah. Sapaan sing biasa, nanging akeh maknane. Setunggal kalimat sing bisa nggawe kabeh kanca tambah akrab. Setunggal kalimat sing nggawe kabeh uwong mesem ngawiti dina.
Aku nduweni kanca parek sing saben dina ngancani aku. Jenenge Dava.
Dava yaiku kanca sing paling akeh artine kanggo uripku.  Sawise wong tuaku, mung Dava sing paling ngerteni, nolong lan ora tau nggawe aku nangis. Malah Dava sing terus nggawe aku ngguyu kaya ora ndue beban. Dava mesthi ana saben aku butuh lan mesthi ana yen aku dewean. Dava tak anggep kaya abangku dewe amerga umure Dava luwih tuwo saka aku, lan penjiwaane kaya wis dewasa. Bahkan ing kelas, Dava sing paling tegas lan di percaya guru lan kanca liya-liyane.
Dava sering dipilih lomba. Dava yo sering dicalonkan ketua osis ing organisasi OSIS.
“Rel…” Dava nyeluk.
“Iyo!” wangsulanku singkat.
“Sawise mole sekolah, aku mampir menyang omahmu ya! Wes sue aku pengen dolen lan kangen marang ibumu.”  omonge Dava.
“Tumben awakmu dolen nang omaku. Ana apa?” pitakonku heran.
“Ora ana apa-apa Rel. Aku pingin menyang omahmu karo ngajak awkmu dolan kaya biyen maneh. Lagian wis suwi aku ora tau tekan menyang omahmu.  Bapak, ibu lan adhikmu mesthi seneng yen aku dolan. Oleh ya Rel, pisan ae mene ora maneh. Mumpung aku ora ana tugas,” wangsulane Dava.

Sawise mole sekolah, aku mole karo Dava. Aku lan Dava ngelewati dalan setapak desa. Dalanan desa sing akeh gragal lan pasire.
Tekan omah, aku lan Dava dulianan ing ladang ngguri omah. Mlayu-mlayu kaya bocah cilik, njupuki buah-buahan sing wis mateng, banjur di pangan ing nisore wit gedhe.
Ing panggonan iku aku lan Dava ngenang masa kecil sing paling indah.
“Rel, aku pengen menehi awakmu kado kotak cilik iki. Aku pengen awakmu mbukak kado iki yen aku ora bali mrene, Lan aku pengen awakmu terus ileng karo aku, amerga aku ora pengen di lalekno karo awakmu. Wiwit cilik ing panggonan iki akeh kenangan aku karo awakmu.” Omonge Dava karo menenehi aku kotak cilik werna abang.
“Lapo awakmu ora bali?” Pitakonku.
“Bapak lan ibukku pengen pindah, dadi aku lan keluargaku kudu melu bapak lan ibuk.” Wangsulane Dava.
“Yowislah! Mugo-mugo awakmu lan keluarga betah ing panggonanmu sing anyar.” Wangsulanku karo ndele kotak mau ing wit gedhe.
Sawise aku menerima kado iku, aku lan Dava selendehan ing wit gedhe. Aku lan Dava nyawang langit. Pemandangan sore sing seger nanging panas. Langit biru lan awan putih mendominasi langit iki.
hujan_satu2nya.jpgDina tambah sore, Dava ijin moleh, nanging sakdurunge moleh, Dava salaman menyang ibu lan bapak. Akupun ngeterake Dava tekan nggarep omah. Wis kebiasaanku yen Dava mole kudu tak terno amerga sadurunge Dava mole, aku lan Dava mesthi guyonan.
 Sawise Dava mole, aku langsung mlebu nang omah. Banjur adus, sholat lan turu-turu menyang kamar. kedalam rumah dan mandi. Nyawang langite kamar sing ora tau kesawang lan ora tau berubah wiwit biyen. Tiba-tiba pikiranku melayang menyang kotak kecil saka Dava. Secepat mungkin aku tangi lan mlayu metu omah. Saat aku pengen metu, ana udan deras ngguyur bumi. Aku pun mandek lan mlaku mbalek menyang kamar.
Wengi menjelang, aku tetep turu ing kasur. Banjur Ibu nangekake aku lan menehi aku kabar, Dava lan keluargane njaluk ijin yen keluarga besare bakalan pindah ing luar kota. Pindah lan muleh yen wayahe tahun baru utawa riyaya.
Aku ora ngerungokae kabar iku banjur mbalek turu maneh. Aku nganggep minggate Dava yaiku hal sing biasa. Biasa amerga keluargane Dava sering pindah menyang luar kota utawa luar negeri amerga Bapake kerjo kontraktor. Nanging, legek saiki Dava tekkan karo wong tuane.
Jam wis nyudohkake wektu suwelas bengi. Aku tangi saka turuku. Gak ngerti lapo perasaanku bedo. Ana sesuatu sing ngganjel ing ati. Kat mau aku kepikiran karo Dava. Kena ora penak, aku mlaku menyang mburi lan njupuk ngombe supaya atiku lego.
Ora suwi, hpku muni. Ana sms saka nomere Dava. Nyatane iku ora Dava, nanging uwong sing nemokake hpne Dava. Wong iku ngabari yen sing ndue hp lan keluargane kecelakaan ing dalan tol. Aku pun langsung panik lan khawatir. Aku terus nangis lan kanda menyang ibuk yen keluargane Dava kecelakaan Ibuk pun langsung nangis. Banjur aku lan ibuk ngejak bapak budhal menyang rumah sakit.
Aku lan keluarga tekan rumah sakit jam setengah 4 subuh. Perjalanan mbutuhkake wektu 5 jam amerga rumah sakite adoh saka omah. Aku nunggui Dava ing njobo ruangan ICU. Dava ora sadar. Deweke koma. Bapak, ibuk lan adhike yo ora sadar.
Sawise telung dina, Dava lan keluargane tetep durung sadar. Aku di kongkon ibuk sekolah supaya ora ketinggalan pelajaran. Sawise sekolah, aku bisa marani Dava. Meski adoh, ora opo-opo sing penting aku iso ngerti keadaane Dava. Ibuk yo ora ngelarang aku yen sabendina marani Dava ing rumah sakit.
Ing dalan menyang rumah sakit, aku dikabari ibuk yen Dava lan bapake mati amerga jantunge lemah. Sawise Dava, selisih pirang menit bapake nyusul. Aku banjur banterake kedaraanku supaya ndang cepet ketemu Dava.
Sampaine aku tekan rumah sakit, Dava lan bapake wes di lebokake ambulan. Aku nututi ambulan saka mburine. Bapak lan ibuk tetep ing rumah sakit nunggu ibuk lan adike Dava.
Tekan omahe Dava, aku nyawang wong 2 ditutupi kain. Aku langsung mlayu lan nangis ing pinggire Dava lan bapake. Aku gak nyangka yen Dava lan bapake mati secepet iki. Aku yo ora nyangka yen kanca sing paling ngerti, paling sayang, lan paling becik saiki ninggalake aku. Nggarai aku nangis, padahal biasanae Dava nggarai aku seneng lan ora bakal biarno aku nangis.
Ora suwi, Bapak lan ibukku teka. Aku banjur meluk kekarone. Aku tambah nangis, sawise iku aku semaput amerga pegel lan ora percaya saka apa sing tak sawang. Ibuk nenangake aku, nanging aku tetep ora sadar.
“Kena apa kabeh ninggalake aku. Dava, awakmu kancaku, nanging lapo awakmu ninggalake aku. Paklek, njenengan sing ngerti lan sering menehi aku hadiah, nanging kena apa njenengan melu ninggalake aku. Paklek, aku pengen coklat. Biasane njenengan menehi aku coklat yen aku nangis, nanging saiki sapa sing bakal menehi aku maneh.” Omongku ora tahan nangis.

Sawise moleh nguburake Dava lan bapake, aku tetep nunggu ing pinggir kuburane. Nangisi keadaanku dewean.
“Tuhan apa salahku. Keluarga sing wes tak anggep kaya keluarga asli minggat ninggalake aku. Ora panteskah aku nduweni kebahagiaan kaya wong-wong liya. Apa uripku emang di takdirake kaya ngene. Apa aku di takdirake pikantuk tangisan lan kesedihan.” Omongku ing pinggire kuburane Dava lan bapake.

Sawise moleh saka kuburan, aku ileng kotak kado sing pernah diwenehi Dava. Aku mlayu lan nggoleki kotak ing wit gedhe mburi omah. Aku mbukak kotak iku. Kotak iku isine gelang kayu diukir jenengku lan kertas isine surat.

Kancaku Aurel…
Nek awakmu mbukak surat iki, berarti aku wes budal adoh. Nanging aja ngresula amerga aku budal ora suwi. Mbok bekne mene aku lan awakmu kumpul, aku pengen ora ninggalake awakmu. Kekancan ora sekedar sing tertulis, nanging kekancaan yaiku ikatan sing ora bakalan bisa kepisah. Kekancan mung bisa digosok dening darah utawa nyawa. Amerga sing bisa misah mung kematian.
Aku menehi gelang iki gawe tanda kekancan lan katresnan. Aku paham yen kita ijih enom, nanging aku ngerti yen tresna dadi sahabat luwih becik ketimbang tresna sing kaya biasane. Awakmu kancaku sing tak tresnani.
Sepurane yen aku mung menehi eluh ing pipimu, nangis aku janji bakal menehi senyuman kanggo awakmu. Matur suwun wis menehi aku artine kekancan lan katresnan, lan aku matur suwun amerga awakmu bisa nerima aku dadi kancamu.
Hapus eluh ing pipimu, lansawangen dunyo. Wong liya mesthi bisa menehi kebahagiaan sing luweih saka aku. Percayalah, meski raga iki ora karo awakmu, nanging atiku tetep kanggo awakmu.
Kancamu
~ Dava  ~